KHUTBAH JUMAT
MAPANAKEN TOLÉRANSI
KHUTBAH I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَامَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,
أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا.
وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ،اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.أَمَّا بَعْدُ؛
....قَالَ اللهُ تَعَالَى : اعوذبالله من الشيطان الرجي
قُلْ يٰٓاَيُّهَا الْكٰفِرُوْنَۙ لَآ اَعْبُدُ مَا تَعْبُدُوْنَۙ
وَلَآ اَنْتُمْ عٰبِدُوْنَ مَآ اَعْبُدُۚ وَلَآ اَنَا۠ عَابِدٌ مَّا عَبَدْتُّمْۙ وَلَآ اَنْتُمْ عٰبِدُوْنَ مَآ اَعْبُدُۗ
لَكُمْ دِيْنُكُمْ وَلِيَ دِيْنِ ࣖ
(QS Al-Kafirun [109]: 1-6)
Para sedhèrèk Muslim, Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmating Gusti Allah SWT.
Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pendhèrèkipun ingkang tansah setya tuhu, mangga sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng bagindha Rasulullah Muhammad SAW., sumarambah dhumateng para keluwarga para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in ngantos dumugi akhir zaman.
Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen tansah atur pepémut dhumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah dhumateng para jamaah Jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman, ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT. Nuhoni dhawuh kanjeng Nabi Muhammad SAW.:
اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ
“Sira padha taqwa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, mergané kabecikan bakal ngilangi kanisthan mau. Sesrawunga karo sapepadhané manungsa kanthi kelakuan kang becik.” (HR Tirmidzi ).
Ing ayat sanèsipun, Allah SWT paring firman:
....وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَاأُوْلِي اْلأَلْبَا
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).
Jumbuh ugi kaliyan firman Allah SWT.:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan sejatining bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS Ali Imran [3] : 102).
Para sedhèrèk Muslim, ingkang kinurmatan
Sepindhah malih, sumangga kita tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah, kanthi thaat lan patuh dhumateng syariah Allah, inggih menika syariah Islam. Éstu ing akhir zaman niki, godhaan ketakwaan terus ngrembaka. Tipu daya sampun mrajah, lan kemaksiatan kados dipun pepetri. Éwodéné tiyang ingkang nyiaraken perkawis ingkang leres malah dipun rèmèhaken lan dipun bungkem tutukipun. Rasulullah SAW. naté paring gegambaran:
“Bakal nekani marang manungsa sawenèhing zaman, pawongan kang gondhélan kenceng ing agamané kadidéné wong kang nyekel mawa geni.” (HR. Tirmidzi)
Para sedhèrèk Muslim, ingkang kinurmatan
Ing saben pungkasan tahun, biasanipun kita tansah ngadhepi perkawis toléransi. Menapa kita kedah ngucapaken wilujeng Natal lan Warsa énggal dhumateng tiyang-tiyang Nasrani, minangka bukti toléransi kita dhumateng piyambakipun?
Sapérangan umat Islam niki taksih mamang. Malah wonten ingkang nganggep rèmèh. Namung ing pangucap mawon. Boten wonten kaitan kliyan keimanan kita. Makaten pamanggihipun. Pramila kita perlu mapanaken perkawis niku kanthi trep lan leres.
Islam pancèn ngajaraken sikap toléransi . Ananging sanès toléransi ala Barat, ala liberal. Ing salebeting Islam, toléransi dipun maknani nyumanggakaken umat sanès sami nindakaken ritual agaminipun, kalebet perayaan agaminipun. Toléransi ugi ateges boten meksa umat agami sanès saperlu ngrasuk Islam.
Dipun riwayataken saking Ibnu ‘Abbas bilih tiyang Quraisy nate micanten dhumateng Rasul SAW., “Menawa sira gelem nampa tuhan-tuhanku, mesthi aku bakal nyembah marang tuhanmu.” Kanggé paring jawaban menika, Allah SWT paring firman ing Surat al-Kafirun, ngantos ayat pungkasan:
﴿لَكُمْ دِينُكُمْ وَلِيَ دِينِ﴾
Kowé bakal oleh pituwasé agamamu dhéwé, aku hiya mesthi tompo ganjarané agamaku dhéwé. (TQS al-Kafirun [109]: 6)
Para sedhèrèk Muslim, ingkang kinurmatan
Angsal kemawon umat Islam rukun makarya sesarengan umat agami sanès , ing perkawis jual beli, muamalah, utawi sanès ipun kaliyan tiyang-tiyang non-Muslim. Malah, Islam handhawuhaken dhumateng kita supados damel kesaénan lan tumindak adil, jujur dhumateng piyambakipun (kapirsani ing QS al-Mumtahanah [60]: 8). Kita dipun larang tumindak zalim, aniaya lan ngrampas hak-hak non Muslim. Pakartinipun Rasul SAW. dhumateng piyambakipun saged dados patuladhan kita.
Ananging, toléransi boten lajeng ngaturaken ucapan selamat hari raya lan perayaan keagamaan agami sanès. Mugi kawuningan, bilih ucapan selamat niku ngemu pandonga lan pangrantu kesaénan kanggé tiyang ingkang dipun aturi selamat wau. Ugi dados ungkapan gumbiraning manah lan suka parisuka, malah minangka ajèn-ajèn menggah menapa ingkang sampun dipun rengkuh déning tiyang ingkang kaparingan selamat.
Kasunyatanipun, perayaan Natal minangka pèngetan wiyosan anak Tuhan lan Tuhan anak. Kanthi tetembungan sanès, menika minangka pahargyan kesyirikan (nyekutokaken Allah SWT). Lajeng pripun nalaripun umat Islam paring ucapan selamat kanthi sedaya kandhungan maknanipun ingkang makaten, dhumateng tiyang ingkang nyekutokaken Allah SWT?
Padahal sampun kanthi cetha, Allah SWT. mratélakaken, piyambakipun sedaya minangka tiyang kafir (QS al-Maidah [5]: 72-75). Ing akherat bénjang, piyambakipun badhé dipun paringi pasiksan ingkang nggegirisi. Keyakinan Trinitas niku menggahipun Allah SWT., kalebet dosa lan kejahatan ingkang ageng sanget. Kejahatan niki meh damel langit pecah, bumi sigar lan gunung-gunung sami jugrug (kapirsani ing QS Maryam [19]: 90-92).
Dados menapa mungkin paring ucapan selamat dhumateng tiyang ingkang nindakaken lan mahargya dosa ingkang ageng sanget, menggahipun Allah SWT. niku ?
Pramila sampun cetha, bilih paring ucapan Selamat Natal lan selamat hari raya agami sanès menika haram lan dosa. Menapa malih malah tumut cawé-cawé mahargya. Tartamtu langkung ageng malih keharaman lan dosanipun.
Para sedhèrèk Muslim, ingkang kinurmatan
MUI sampun damel fatwa, nglarang umat Islam ingkang badhé ngrawuhi perayaan Natal Bersama. Ing salebeting fatwa ingkang dipun andharaken Komisi Fatwa MUI ing 7 Maret 1981, MUI antawispun mratélakaken: (1) Ngombyongi upacara Natal bersama kanggénipun umat Islam hukumipun haram; (2) murih umat Islam boten kejlomprong ing tataran syubhat lan larangan Allah SWT, dipun anjuraken supados boten tumut kegiatan-kegiatan Natal.
Kalebet migunakaken atribut agami sanès . Boten angsal, sebab makaten menika ngèmperi piyambakipun. Sabdanipun kanjeng Nabi SAW:
«مَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ»
Sapa waé kang ngèmperi sawijining kaum, yekti dhèwèké dadi pérangané kaum iku. (HR Abu Dawud lan Ahmad).
Al-Qur’an kanthi jelas ugi sampun nglarang kita tumut mahargya dinten riyaya tiyang kafir. Allah SWT. sampun paring firman:
﴿وَالَّذِينَ لاَ يَشْهَدُونَ الزُّورَ وَإِذَا مَرُّوا بِاللَّغْوِ مَرُّوا كِرَامًا﴾
Lan wong kang dadi saksi goroh (palsu) apadéné menawa mrangguli caturan kang ala ora gelem ngopèni kaya tindaké wong mulya (TQS al-Furqan [25]: 72).
Az-Zûr niku nglimputi sedaya rupi kebatilan. Ingkang paling ageng inggih menika syirik lan ngagungaken sekutunipun Allah SWT.
Awit saking menika, kaum Muslim ugi dipun larang tumut ngregengaken utawi sabiyantu ngumandhangaken dinten riyaya agami sanès. Ingkang kedah kita tindakaken inggih menika gegondelan kanthi kenceng dhumateng Islam lan syariahipun. Ampun ngantos kénggoh déning propaganda, seruan utawi tipudaya saking pihak pundi kémawon ingkang satléraman ketingal saé, namung sejatosipun ngarak kaum Muslim supados tebih lan ninggalaken ajaran Islam sakedhik mboko sakedhik.
Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmating Gusti Allah SWT.
Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika. Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT. samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntonipun atur, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun syariat agami Islam ing salebeting daulah Islamiyah, tansah setya tuhu hanuladhani kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah, aamiin ya rabbal’alamiin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِن الآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ،قَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
وَسُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar